ana pandhita akarya wangsit
mindha kombang sangajab ing tawang
susuh angin ngendi nggone
lawan galihing kangkung
wekasane langit jaladri
isining wuluh wungwang
lan gigiring punglu
tapaking kuntul anglayang
manuk miber uluke ngungkuli langit
kusuma njrah ing tawang.
ngambil banyu apikulan warih
amek geni sami adadamar
kodhok ngemuli elenge
miwah kang banyu den khum
kang dahaan murub kabesmi
bumi pinetak ingkang
pawana katiyub
tanggal pisan kapurnaman
yen anenun sonteg pisan anigesi
kuda ngrap ing pandengan
ana kayu apurwa sawiji
wit buwana epang keblat papat
agedhong mega tumembe
apradapa kukuwung
kembang lintang sagaar langit
sami andaru kilat
woh surya lan tengsu
asirat bun lawan udan
apupuncak akasa bungkah pertiwi
oyode bayu bajra
wiwitane duk anemu candhi
gogodhongan miwah wawarangkan
sihing hyang kabesmi kabeh
tan ana janma kang wruh
yen weruho purwane dadi
candhi sagara wetan
ingobar karuhun
kahyangane sanghyang tunggal
sapa reke kang jumeneng mung hartati
katong tengahing tawang
gunung agung sagara sarandil
langit ingkang amengku bawana
kawruhana ing artine
gunung sagara umung
guntur sirna amengku bumi
rug kang langit bawana
dadya weruh iku
mudya madyaning ngawiyat
mangasrama ing gunung agung sabumi
candhi candhi sagara
gunung luhure kabiri giri
sagara agung datanpa sama
pan sampun kawruhan reke
artadaya puniku
datan kena cinakreng budi
aging sampung prapta
ing kuwasanipun
angadeg tengahing jagad
wetan kulon lor kidul ngadhap myang nginggil
kapurba wisesa
bumi sagara gunung myang kali
sagunging kang isining bawana
kasor ing artadayane
sagara sat kang gunung
guntur sirna guwa samya nir
singa wruh artadaya
dadya teguh timbul
lan dadi paliyasing prang
yen lulungan kang kapapag wedi asih
sato galak suminggah
jim peri prayangan samya wedi
mendhak asih sakehing drubiksa
rumeksa siyang dalune
singa anempuh lumpuh
tan tumama ing awak mami
kang nedya tan raharja
kabeh pan linebur
sakehe kang nedya ala
sirna kang nedya ebcik basuki
kang sinedya waluya
siyang ndalu rineksa hyang widi
dinulur saking karseng hyang sukma
kandhep ing jalma kabeh
apan wikuning wiku wikan
liring pujasamadi dadi
sasedyanira mangunah
linuhung
paparah hyang tegalana
sampen yen tuwajuh jroning ati
kalis ing pancabaya
yen kinarya atunggu wong sakit
ejim setan datan wani ngambah
rineksa malaekate
nabi wali angepung
sakeh lara samya sumingkir
ingkang nedya mitenah
maring awak ingsun
rinusak dening pangeran
eblis laknat sato mara padha mati
tumpes tapis sadaya
This entry was posted
on 5/03/2008
at 5/03/2008
and is filed under
Dandanggula,
Tapak Kuntul
. You can follow any responses to this entry through the
comments feed
.
Categories
About Me
- endro
- Ngger, kala taruna dengarlah kisah para tuladha. Sebab kala timur gampang terpahat yang tertutur. Banyaklah belajar selagi muda untuk bekal laku utama. Untuk yang sudah punya umur, sekedar pengingat ke alam kubur.