SERAT TRIPAMA

Posted by endro in

KGPA Mangkunagara IV
1.
Yogyanira kang para prajurit
lamun bisa sira anulada
duk ing uni caritane
andelira Sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
aran patih Suwanda
lelabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purun ingkang den antepi
nuhoni trah utama

2.
Lire lelabuhan tri prekawis
guna bisa saniskareng karya
binudi daya unggule
kaya sayektinipun
duk mbantu prang Manggada nagri
amboyong putri domas
katur ratunipun
purune sampun tetela
aprang tanding lan ditya Ngalengka Aji
Suwanda mati ngrana

3.
Wonten malih tuladan prayogi
satriya dung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
tur iku warna diyu
suprandene nggayuh utami
duk wiwit prang ngalengka
denya darbe atur
mring raka amrih ing raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
de mung mungsuh wanara

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit
mring kang raka sira tan nglenggana
nglungguhi kasatriyane
ing tekad datan sujud
amung nyipta yayah rena
myang leluhuripun
wus mukti aneng Ngalengka
mangke arsa rinusak ing bala kapi
pun ugi mati ngrana

5.
Wonten malih kinarya palupi
Suryaputra Narpati Ngawangga
lan Pandawa tur kadange
len yayah tunggil ibu
suwita mring Sang Kurupati
aneng nagri Ngastina
kinarya agul-agul
manggala golonganing prang
brantayuda ingadegken senapati
ngalaga ing Korawa

6.
Den mungsuhken kadange pribadi
aprang tandinglan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
de gonira pikantuk
marga denya arsa males sih
ira Sang Duryudana
marmanta kalangkung
denya ngetog kasudiran
aprang rame karna mati jinemparing
sumbaga wira tama

7.
Katri mangka sudarseneng Jawi
pantes sagung kang para prawira
amirita sakadare
ing lelabuhanipun,
aywa kongsi buang palupi
menawa esthinipun
sanajan tekading buta
tan prabeda budi panduming dumadi
marsudi ing kotaman

This entry was posted on 6/21/2008 at 6/21/2008 and is filed under . You can follow any responses to this entry through the comments feed .

0 komentar

Poskan Komentar